12/01/2017
Cobaen rek iki cara paling jitu..
Iki kisah nyata bareng koncoku sing gendut # jenenge samaran #. Ndek embong wingi, gendut numpak motor ngebut ga atek tolah toleh, kabeh lampu abang di s*kat.. moro2..
Polantas: "Stopppp!" Gendut : "Kok disetop opo'o Pak?"
Polisi: " Anda melanggar rambu2 lalulintas! Tolong keluarkan SIM, STNK dan KTP nya!"
Gendut ngetokno jurus mbijuk e: "sepurane pak, aku durung nduwe SIM, s*k arek sekolahan Pak..."
Polisi: "Lek ngono motormu tak tahan, mesisan tak tilang, siapno duik Rp. 500.000,- engko setoren ndek BRI"
Gendut : "Tolong ta pak, aku lak sek sekolah, dadi yo ga nduwe duik akeh, yok opo lek damai ae pak?..."
Polisi: "koen nduwe duik piro koq wani2 e ngejak damai....?"
Gendut : "Yok opo lek tak tukokno rokok ae pak ndek warung pinggir kono..."
Polisi: " Duuh yo wis lah.. Marlboro lho yo, motormu tinggalen kene"
Gendut langsung nyebrang dalan moro warung, "Cak... di kongkon tuku rokok karo pak polisi sing iku (karo nunjuk Pak Polisi ndek pos) Marlboro 4 bungkus!, engko awan di bayar"
Tk.Warung: "Polisi sing endi...? Awas lho ojok mbijuk i aku!!."
Gendut : "Walah cak, sing iku lho! terus gendut mbengok: "Pak, pak.. rokok sing iki 'kan?" karo awe2 rokok Marlboro.
Polisi: "Yooo Siiippp...!"
Gendut : "Lho tak kandani ga percoyo sampean cak! Ndi petang bungkus!
karo gendut Rokok Sing 2 bungkus dikesaki, sing 2 dikekno polisi: "iki Pak, rong bungkus yo!."
Polisi: "Hmm... , yo wis lha timbanganne ga oleh opo2. Sing ati2 raimu ndek dalan"
Gendut : "Suwun Pak...!", langsung tancep gas wuuzz!
Rodok awan sitik...
Tk.Warung e teko ndek pos polisi: "Pak, kate nagih duik rokok mau sing 4 bungkus!, jarene sampean arep mbayar awan iki"
Polisi: "Haaahh!! WOOO Bedes arek iku!! Wani2 e mbijuk i Polisi...!!! Oleh mek rong bungkus, malah dikongkon mbayari 4 bungkus!
(Copas dari status teman)